Pendekar
Pendekar niku pandingane akar
Akar niku oyot, tansoyo oyote kuat, tansoyo ugi wite gede utowo duwur, tansoyo gede awake keno angin
Angin sing alus rasane koyo lagi di elus-elus
Yen di elus tansoyo penak, tansoyo angler
Ning, angin sing gede koyo dene blabut di kebut-kebutke
Rontok kabeh sing temempel
Nanging, durung mesti sing temempel niku kabeh barang apik
Yen sing apik biasane ora bubar mergo ambyar
Ambyar mung sawijining coro lan dudu pungkasan
Pungkasan iku yen wes ketemu pati
Senajan pati ora ono wong sing ngerti
Yen ono sing ngerti, niku mesti boten tiang sekti
Tiang sekti niku mèndêl tur kèndêl
Boten ndisiki pinesthine Gusti

Gabung dalam percakapan