Tetap Jokowi atau Ganti Presiden
#2019TetapJokowi #2019GantiPresiden
Tole: Ngesok pilihan presiden riko ak milih sopo?
Paijo: Ha nyong no ra penting, wong upomo nyong ra ono utowo ra melu ke daftar hae yo ra ono seng rugi hahaha. Seng jelas rugi mesti kucing wkwkwk.
Masalahe yo nyong udu sopo-sopo, manggon yo sak paran-paran. Seng penting urip tur mangan ngono hae, babagan pilihan presiden yo men di pikir liyane. Wong nyong ra tau sekolah utowo ngaji wkwkwk Kon mikir koyo ngono tombok tambah ruwet pikirane hahaha.
Gek sak iki manggon karo mangan he yo mergo idep-idep Gusti Allah sing ngekei. Kok njo mikir seng abot-abot, jan ra tekan nek koyo nyong.
Najan arep milih yo ngisuk'e hae sak tekan-tekane. Nek riko takon sak iki jenenge kui kalkulasi, ngiro-iro kiwo-tengene. Padal seng ak di pilih yo wonge dewe kabeh, sopo jal sing udu wonge dewe? Jokowi, prabowo, anies, ahok, tgb, gatot, yusuf kalla, sopo meneh? Wonge dewe kabeh kui. Oran-orane nek kepilih kok njo ak tumindak sak benere dewe hahaha.
Ha dadi kadang sak iki yo sok mumet dewe nek delok tipi utowo jaringan-sosial. Rena-rene kok anane podo padu, jan-jane sing di gawe padu kue yo opo ngono? Kayane wis do sekolah duwur-duwur ning kok yo do geseh-gesehan, do gontok-gontok'an luru menang lan benere dewe? Wkwkwk Padal intine yo arep mbangun bongsone dewe.
Ehh, berarti mending koyo awak'e dewe yo. Bodo ra popo ning tetep rukun karo pepadane.
Tole: Ha pancen iyo kue sing di omongke riko, jan setuju nek nyong. Maune yo gur ak takon kue, lebar nonton tipi kok njo dadi penasaran tok hahaha.
Rasane jan ra mayar tenan, padal mbiyen naliko nyong ngaji di wulang babagan ngene kie "Sok mben yen fitnah wis ono nang endi-endi. Ha kue tondo-tondo yen jaman akhir wis ak teko." Ha mbiyen yo jan ra ngerti nek kahanane koyo sak iki yo, wong biyen ra ono hape, ra ono tetek-bengek. Dadi biyen ke nyong sok bingung, wong sing jenenge fitnah ke ngertine gur metune seko cangkem. Tak ngarani nek lambene ak nggedabrus nang toa ngono kae. Ehh, ha kok jebul sak iki koyo-koyo dadi nyoto.
Wong nggedabrus ora kudu liwat lambe, ning gur modal tangan yo iso. Jan ra mayar temenan nek koyo kie, biyangane tenan.
Paijo: Mulo kue. Jenenge sing di pilih yo mesti asale soko sing milih. Nek sing milih bodo-bodo olehe yo semono ugo. Mergane sing di pilih iku tembunge raine sing podo milih. Ha sak ikine ayo kabeh podo golek becik'e, podo golek pener'e wae, ojo terus gontok-gontok'an terus. Wong Gusti Allah jare nate sabdo "Oraan ngubah bongso ndi wae yen bongso iku gak ngubah (usoho) marang bangsane dewe." bener ora kui kiro-kiro, kayane yo ngono kue. Ning yo mbuh, wong nyong ra tau ngaji hahaha.
Ha sak iki sing rumongso bener, ngesok nek Gusti Allah ngijabahi "Wis tak kabulke penjalok'anmu." Iyo nek sing di gadang-gadang mbesuk mbalelo kan yo malah keweleh dewe. Wkwkwk Malah marai ra kepenak to? Wong Gusti Allah iku Maha Guyon.
Ha ora guyon piye? Jare sok bingung mbesok ak mangan opo, ak kerjo dadi opo? Mergo sak iki uripe kelunto-lunto. Eh, sopo ngerti sok mben dadi uwong. Ra ono seng ngerti to? Ngesuk di kei pakanan tanggane, oleh duit gigal nang dalan. Kabeh ra ono sing ngerti wkwkwk
Ojo-ojo kok omong "Heh, iki dukunganku wong sing paling bener." Wah ha jan ra maen pokok'e.
Padal nangkono jarene muni "Kaum" kayane yo tegese bongso. Nek bongso isine yo okeh, ono menungso, gendruwo, pocongan, buto, g*njik, a*u, b*des, c*leng, wes kabeh pokok'e. Ha kui delok wae karik'an.
Tole: Iyo kue, kayane yo ngono kue. Wong nyong yo wis lali dawuhe bapak lan ibu guru biyen hahaha.
Penak'e pancen sak iki kue podo jaluk ngapuro marang sopo wae. Ojo-ojo ngarepe idul fitri yo sak iki. Ha nang kene ora meruhi islam, kristen, hindu po buddha, opo bedo pilihan politik'e, nek wayahe idul fitri yo podo ujung rono-rene to. Ha yo ngono kue, ra ono untunge panas-panasan terus, opo meneh kanggo wong cilik. Wong ono tembung jare nang donyo gur mampir ngombe, ealah ha kok ak di lek kabeh sak lumpure sak watune sak kendine wkwkwk.
Mampir kue yo sak dermo to hahaha.
Ora mangas koyo ngono iku wkwkwk.
Ha yo wis, tak lungo sek, selak sore iseh ak ngaret wedus barang kie jek. Maturnuwun kaweruhe.
Paijo: Yo, ngati-ati. Podo-podo maturnuwun.
Dalam cerita ini tidak ada unsur merendahkan siapapun. Tujuannya hanya untuk membuka sedikit wawasan berpikir kita semua. Jika itu baik, pakailah. Jika tidak tinggalkanlah. Kurang dan lebihnya saya mohon maaf.
Terima kasih.
Teks asli di publikasikan pada tanggal 31 Mei 2018.
Gabung dalam percakapan