Sing Tenang
Sing tenang.
Yen dadi lakon iku abot, makane bayarane okeh. Di tembak kono, tembak kene, di gawe ngono di gawe ngene.
Sing tenang.
Dadi lakon iku wes termasuk kelas kakap, ora remeh temeh, ora kaleng-kaleng maneh. Di syukuri, di jalani, di nikmati tekane pati.
Sing tenang.
Yen bayarane ora ning gebyare kelir gung awung-awung iki, mbesuk ono pretungane dewe. Ojo ndersulo ndisik.
Sing tenang.
Yen ora di anggep menungso, yo ra popo, rasah petheken. Elek-eleke asu, arep di uduhno Kang Murbeng Dumadi dening Mbah Musa, wurung.
Sing tenang.
Di idak-idak iku biasa, wancine cipta seka lemah. Di obong geni wis lumrah, tumrahe lemah tansoyo ora obah. Di gebyur banyu, tansoyo subur dadi ayu.

Gabung dalam percakapan