Toya Wingit Tlatah Arab



Mung kurang pirang dina genepe sesasi Mbak Mega kumu-kumu banyu saka tlatah arab. Yen biasane aku mung maca-maca, krungu-krungu banyu iki sekti mandraguna. Wiwit sekurange sesasi iki aku dadi salah sijine wong sing nyekseni kasekten iku, Truk.

Ora baen-baen, saka pertama ngasi dina iki blas tak rasake ora ana ubahe playune Mbak Mega. Ngoyak 80? 100? Uenteng poll. Mung ya aku ora semlayu koyo sepur apa montor mabur, reroto mung 65 ae. 100 iku yen wis kahanan jian sepi. Wong ya aku ora anggayuh cepete, nanging kuate banyu iku dinggo kumu.

Jane, aku wes suwe ngerti kabar iki. Mung kit ndisik tak pikir, ah mosok ya? Dene nyatane aku bola-bali genta-genti banyu kumu saka pirang-pirang merek, Truk. Nanging ya nembe iki rasane top markotop gud marsogud.

Wiwite, aku nyiapke nggo riyaya wingi. Biasane yen wayah riyaya iku playune Mbak Mega di gawa rana-rene, makane aku tak njajal banyu arab iki. Sak wise golek wara-wara, aku nemu rong iji. Karangan nembe jajal, ya tak tuku sing murah ae, masio sedurunge aku tetep tuker kawruh karo sing dodol. Jejare, ono paribasan, "Aja isin-isin takon yen belih ngerti".

Rong iji iku bedane ora pati adoh, dadi tuku sing murah ndisik, dene kepenak ya lanjut iki, dene ora jajal munggah sitik. Akhire aku tuku rong botol.
Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa