Soal Bal

"Nobar ora, Gong semalem?"

"Ora e, sayah banget awake. Jane tanggaku yo takon, ning mataku kadung rapet. Yo ra tak bales to. Toh gambar-gambar sing tak delok kit sore kui aku dadi ra yakin karo pemaine."


"Ora yakin piye e, sing main podo ae kit babak penyisihan tekan mau bengi semi final. Koe yo ra nonton kok iso ra yakin?"


"Ora ngono, masalahe sing tak delok gambare kok kesebelasan pegawai negeri. Misale ono Pak Lantas, Pak Dandim, Pak Pol, Pak Bupati, PN, dst. Iki aku bukane merendahkan blio-blio kui, tapi kan yo gek iki ae U-23 mosok bapak-bapak, ibu-ibu do melu bal-balan, po yakin koe?"


"Jangkrik, jaran! Ora ngono konsepe. Kui mung gambar tok, sing main yo sing biasane."


"Lha, yo. Ngono kok rupane guedi-guedi, mataku lak yo weruhe sing guedi to, Truk? Tak pikir kui-kui sing main. Lak yo aku ra yakin. Wong aku wes seneng, jaman biyen londo karo pribumi kui adu mekanik. Jaman sak iki iso podo bareng nyengkuyung gowo panji getih-getah tekan kelas internasional. Iki wae wes sak kemajuan. Durung kemajuan-kemajuan liyane sing wis di lakoni karo adi-adi, staf-staf, pelatih, jajarane U-23 iki."


"Seru tenan mabengi, masio yo kalah. Ning rapopo, urip kudu cepet mov-on, ganti papan, lekas fokus karo sing ono ning ngarepan."


"Lha dalah, kalah to? Wis tak batin kui, wis dadi sasmita. Yo bener kui omonganmu. Tekan kene ae wis tak acungi jempol loro. Paribasan tekanonkene iso nggo ngilingi taun kapan maneh tarjet paling ora iso tekan kene maneh. Sing jelas sak iki ndang tumandang ngerampungno opo sing kudu di rampungke. Ojo kesel pandingane wingi kok kalah, urip kudu tetep urup."

Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa