Tuhan & Ibadah



Hangger, putuku. Wis to, ora usah nesu marang romo lan ibumu amergo ora tau ngibadah tekun koyo kowe. Hangger, Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ngerti marang sing ketok tur ra ketok, marang sing cilik tur sing gede, lan sebab musababe, ugo liyan.

Hangger, putuku. Yen ora kerono romo lan ibumu lelabuhan kanggo kowe, opo iyo kowe iso sekolah, iso ngaji, ngangsu kawruh melu uwong-uwong kang duweni budi pekerti? Ngger, putuku. Kowe ora tau ngerti yen ono ing manahe romo lan ibumu ono Asmone Gusti, Lillah kang tunggal. Yo iku niat kang ndasari kabeh lelabuhane romo lan ibumu iku. Ngger, kowe kudu ngerti yen sejatining ngibadah iku opo-opo kang di kersaake Gusti, koyo lelabuhaning romo lan ibumu kui.

Hangger, putuku. Dadio bocah kang iso ngerteni opo kang dikarepake wong tuwamu, yen sak iki hangger wis duwe ngelmu kang luwih, tetepo duweni roso pasrah, roso lembah manah, roso kang iso ngrasake hangger iku abdine Gusti. Seumpomo romo lan ibumu ora iso koyo hangger hanggone ngibadah, tetegno dongamu marang romo lan ibumu kui, amergo jalarane romo lan ibumu iku wujude welas asihing Gusti marang awakmu. Lan syukuro terus marang Gustimu kang ono sak parane hangger mlaku.

Gbr: JadiBerita(com)


Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa