Melu Ra?!

"Loh-loh, kowe ki ngopo kok Kurowo barang mbok jak dadi 5 trek ngono. Arep ning ndi?"

"Wes to, cah edan kui. Tadi malam habis 2 botol cap orang tua, dadi edane tekan esuk iki."

"Sampeyan! Nek matur! Cocotipun datur! Aku iki ning kene meh ngobong omahe uwong. Aku meh demo karo Kurowo. Aku ra trimo nek falsafah Jowo di idak-idak. Kene, senggel sek, alusan opo kasaran. Wani kabeh! Bagong ora bakal mundur."

"Omahe sopo sing arep mok obong, sing genah kowe! Ra guyon lo iki."

"Loooh! Ra ngerti opo etok2 ra ngerti kowe?! Mau sing di liput nang tipi njuk muni 'buang budaya gak enakan!' aku tersinggung aku, makane Kurowo tak spik2 ben gelem demo! Sing paling gak enakan iku yo wong Jowo. Sak iki ono sing muni ngono. Karepe piye?!"

"Ambyar cah-cah!"

"Ambyar yo di ambyarke sisan! Aku ngono nek aku, wani yo wani sisan. Nyemplung yo nyemplung sisan. Gak enakan itu soal rasa, aku di besarkan di tanah Jawa. Gak enakan iku sama menungso, alam juga Tuhan. Sak iki uwong gak ngerti opo2 kok ngidak2 iki, lha tak adepi! Bahkan sangking gak enaknya ama Tuhan, kadang aku pengen Sembah Hyangku ojo ngasi Tuhan ngerti. Karena aku ndak enak nek kasi ngerti. Eh, ojo2 karena aku aslinya cuma ada kekarepan. Ojo2 karena aku asline pengen masuk surga. Ojo2 karena aku asline....dll. Lho. Ilmu duwur iki, makane kroco2 wingi sore kok koar2 soal gak enakan tak potel gulune!"


Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa