Hangger
![]() |
| Foto: Lanskap Blawong |
Ngger, ora perlu gumunan tur kagetan, sing biasaho, kang kelaku iku wis pepesti ugo titahing Gusti, kabeh mau ora bakal nglangkahi kodrate Kang Murbeng Dumadi, mulo ora usah melu-melu, sak burine wayang esih ono dalang, sak burine dalang ono runtutane terus tekane kang tan keno kiniro lan tan keno kinoyo ngopo.
Ngger, bapakmu ora ninggal bondo, yo ora ninggal ngelmu, namung ninggal wekasan, iki cekelo sak jroning hangger lelabuhan ono ing gesang, ono ing wetan, kulon, lor opo kidul, elingo iki hangger, "Sing yakino mring Gusti Kang Murbeng Dumadi, Gustimu iku Kang Maha Mirah ugo Maha Asih. Teruso nyawiji mring Gustimu, goleko kang becik kanti opo kang kelaku, hangger, anakku."

Gabung dalam percakapan