Mblawong Kulon
Desa Muncar, Kecamatan Gemawang, Kabupaten Temanggung
*|*
*|*
Cokro Hani Negoro
OJO DUMEH
![]() |
Foto Lanskap Dusun Mblawong Kulon, terlihat dari kiri: G.Sumowono, G.Telomoyo, G.Merbabu, G.Merapi |
ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULLAAHI WABAROKATUH.
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM.
Nuwun, kulo nuwun.
Dhumateng ngarsanipun para pamaos sedhaya ingkang tuhu ing wigatos. kanthi rahmat saha hidayah saking ngersanipun ALLAH SWT sahingga saget kasusun lan kahimpun seratan punika ingkang judul "RIWAYAT DUSUN MBLAWONG" mugiya andhadhosaken tambahing pangertosan saha pawulang ing pagesangan kanthi mboten nyimpang saking tuntunan agami,aturan lan nagari. Buku punika katulis kanthi basa ngōko/wadak mboten mawi bāsā krāmā inggil. Jalaran supadhas gamblang cetha ingkang dipun pikajengaken babakan seratan punika.
Kanthi weninge penggalih hanuwuhaken raos kasengsem hakaryanipun ingkang Maha Kuasa, lajeng kitha serat babagan punika. Napa tha artosipun lan mengku makna punapa babagan kaendahan saking peparinge Gusti kang Maha Kuasa ingkang wonten dusun Mblawong?
Kitha sadari tiyang agesang punika mboten luput saking GODHA, COBA LAN LALI, tiyang gesang kedhah nduweni ELING LAN WASPADHA.
Pramila kadhos pundhi anggenipun mundut hikmah saking ciptanipun ingkang hakarya dhumadhi, wonten ing lebet serat mbaka serat punika,hambok bilih sak mangkeh wonten ingkang kirang nujuprana,kurang sampurna tumrap tutur lan basa,kitha titah sakwantah jalma manungsa limrah nuwun agunge samudra ingkang tanpa upami, Amin....
A. EYANG SURÓ DIPO SETYOGATI
B. MBLAWONG
Mbelang ing uwong, Mbelang ing tembung Mbel= sebele ati (mbuwake sebele ati) lan lang= saka tembung bisa ilang ugo ora sumelang (sebele ati bisa ilang kang manggon sak jerone uwong), mula disebut Mblawong, lan ing kana mau seka tembung Mblawong ana artine yaiku:
M= Manungsa wajib manunggaling rasa
B= Budidayane urip kang becik
L= Lurus lan larase urip lurua luhure budi pekerti kang luhur
A= Akur ana ing angen-angene uwong urip agawe ayem tentreme anak putu
W= Waspadha lan eling iku wajibe wong urip
O= Ojo mbedha'ake marang sak padaning urip ing alam ndunya, ala apik iku titahing kang Maha Kuasa
N= Nyenengake lan nyandinga marang sadulur kabeh nyeda'ana/ngepareka marang kang Maha Kuasa
G= Gumrigah cancut tali wandha sayuk rukun padha makarya
Garan= padha lega'a anggone urip (kalonggaran) manembah marang pangeran, aja urip negar-negar kaya jaran sak paran paran.
Ukiran emas= usaha'a kanthi pamikir kang nalar karben entuk berkah-barokah kayadene emas kang larang regane tumrap ing masyarakate. Mapan ana ngisar lan kiwa, urip bisa'a mapanake urip, mapanake ati angen-angen, andap asor lan aja mbedak-mbedakake sapa kowe sapa aku, lan rangkula sadulurmu kabeh kang ana kiwa tengenmu.
Sendang Mukti= sandingan sadulurmu kabeh karben mukti (urip).
Isih kramat = isih urip aja seneng nyisihake (nisih) barang kang isih lan urip, senenga nelsih-nelsih ake (ndariake/nurutake) marang sadulur karben bisa krumat lan padha hormatana (ngajenana) kang aran sesaji mau. Mula urip aja seneng nutup-nutupi alane urip, tutupana kaya apa bakal kabukak (ala katara lan becik katitik).
Banjur apa artine sendang/kali semanggi utawa sewangi? Artine:
Sen-dang= senenga nyandang bebecike urip sandingana ing kerukunan.
Kali= urip aja seneng ngakali, yen bisa gedekna ing akale urip aja okole urip.
Semanggi= senengana manggihi barang kang becik/apik karben wangi ing gegodhonge urip.
Kaya mangkene iki bisa disebut kritik lan saran, artine kritik= klira-klirune urip amerga saka utak utike laku, tembung ucap kang ora pas (kliru). Saran= karben urip ora kesasar-sasar sak paran-paran / mrana mrene, kliru ing laku.
D. BUCU
bu= bukak'a uculana tali ruwete ati karben
cu= cukup cinakup marang anak cucune, amerga yen ati ruwet uripe bakal mumet angel anggone luru sing diliwet, bisa urip cupet ora slamet.
Mula bu-cu buka'a atimu aja cupet nalarmu.
Bucu bentuke sega kang dikumpulake lancip kaya gunung, mlambangake urip diekon rukun-guyup kumpul kaya kumpule upa sega dadi siji mbentuk gunung mau, simbul kerukunane urip ing keluwarga lan masyarakate makarya bebarengan anggone luru sandang pangan/pangupajiwa.
E. NYAI SERUNI
Ingkang dipun sareaken wonten sebelah dusun Mblawong ing lereng gunung Indrakila (Ndarakila) sing dijuluki Kijing Emas sabab ing wektu iku Raden Seba Kencana diwarisi arupa siwur emas lan wesi kuning uga pecut penjalin (wasiat/saloka). Bab iku mengku saloka turun temurun tumrap anak putunipun. Saloka siwur emas mengku arti mangkene:
Siwur= isenang ing bebecik tan kena ngawur (ngudi ngelmu kang apik kanggo kabecikan, aja nganti ngudi ngelmu awur-awuran)
Emas= emanana marang masyarakatmu karben ana memanise urip (urip rukun, sehat, ayem, tentrem ndadeake larang regane) ngangsu'a ngelmu kebagusan diumpama'ake ngangsu ngelmu ing jero sumur arupa emas.
Dhene saloka wesi kuning mengku arti mangkene:
Wesi= wewangsite uwong tua padha dieling-eling.
Kuning= tekunana rukunana ning masyarakat karben bening ing ati wening ing pikir.
Pecut penjalin (simbol kekuatan lan kerukunan), artine pecut penjalin yaiku:
Pe= pepeling/ngilingake.
Cut= aja cupet ing nalar.
Nja= njalu'a marang kang Maha Kuasa.
Lin= salinana/gantiya suwasana kang adem ayem tentrem ana ing masyarakate karben padhang abore sumarat mawa cahaya, dhuwur kukuse, dhawa jembar wawasane ibarat kaya pecut mau.
Eyang Suro Dipo Setyogati ugo dijuluki Ki Ageng Sumo Maruto (angin, lesus) lan putrane Raden Seba Kencana uga mendha warna Macan Putih lan Macan Loreng (Belang) kang dadhi pedanyangan ing dusun kana, mula aja wedhi lan aja sembrana yen ketemu wujud mangkono mau, iku kang jaga rumeksa dusun kono lan kaberkahan.
G. GUNUNG MANDHANGAN
MANDHANGAN= manungsa ndhang tumandhanga, enggala gumregahe rasa handarbeni tanggungjawabe urip kang diumpama'ake gumulunge kaya gunung, uga gumulunge bucu ana ing tali suhing masyarakat. Aja mandhang rupa, drajat, lan pangkat utawa bandha dunya. Kabeh mau padha'a manunggal kaya bucu utawa gunung kang isenane maneko warna.
Uga ana makna liya ing jaman semana kaleh Eyang Suro Dipo Setyogati kangge ngandhangi para dedemit setan priprayangan kang anggegridhu nalika Kanjeng Eyang badhe mbikak Dusun Mblawong. Sahingga nganthas sak menika dipun pitadhasi (kagem ingkang pitadhas) bilih gunung Mandhangan punika gawat kaliwat-liwat. (Wallahu 'alam bi showab/ naming Gusti kang mangertosi sejatosipun).
Kadhas makaten wau riwayat Dusun Mblawong. Sekedhik ingkang kapundut saking riwayatipun Eyang Suro Dipo Setyogati, priagung menika ingkang sampun merjuangaken kangge putro-putri wayahipun ingkang wonten Dusun Mblawong lan tepis wiringipun.
Sumowono, 15 Suro 2012
Karipta dening: Sapa Nyana Sapa Ngira
Piyantun ingkang tansah mbetahake Kawelasaninpun Gusti Kang Maha Samudayanipun.
(Di publikasikan berdasarkan buku yang beredar di masyarakat Dusun Blawong (penulisan Mblawong — masa kini).
![]() |
Foto lanskap Dusun Mblawong Kulon, terlihat dari kiri G.Sumbing, G.Sindoro |
Gabung dalam percakapan