Ponokawan: Banyu Dunyo
Huehehehehe.
Asu tenan.
Iki banyu, utowo opo. Tak ombe ora gawe ilang ngelake nanging kok malah tambah ngelak.
Oalah, asu, asu.
Iki banyu donya, soyo di ombe tansoyo ngelake.
Jabang bayi, setan demit ora ndulit, weruh duwit mlayu ngibrit, hong wilaheng awignam astu nama sidham.
Goong.
Iyo, Truk.
Kowe pengen ngombe iki opo ora?
Ngombe opo?
Ngombe legen, seko tlatah kemuning.
Ora, ndak mabuk.
Lha sing mabuk sing marai enak.
Enak-enake wong sing ora iso ngrasake enak, Truk.
Loh, sopo iku? Yok opo? Ono, ta?
Yo ono, ono sing ra ono.
Hong wilaheng sabda jati
Tuhu manik mustikaning jagad
Ingsun pepuji ana ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung
Nur cahya lumebu ana ing jagat ingsun
Rumesep anggawa pepadang sarta gamblang ing buwana
Set-singset rumesep ana ing jagat ingsun

Gabung dalam percakapan