Kitab Suci Iku Fiksi
Wes to, arep mbok omongno "kitab suci iku fiksi...kitab suci iku ahh mboh sing ono ning pikiranmu." jawabe wong jowo piye? "ra pethek'en karo dapuranmu, ora makani kok gusur wae." lha terus seng makani wong jowo kui sopo? Yo kui sing iso ngecet lombok.
Bayangno jal, sopo sing iso ngecet lombok sak ndonyo iki?
Lha wong senajan kitab suci iku ra ono, wong jowo wis ngerti ono ing ngendi sangkan parane. Ibarat awakmu ngomong karo uwong sing wis nglotok, anggep wae teknisi opo liyane sing paling spesialis lah, tanpo tinulis wae wis iso di woco. Ra usah kokean bukak buku pedoman, lha wong wis nglotok manjing ono sak jroning ati. Teko-teko awakmu bengok "kang, iki kayane buku fiksi." lha awakmu gur di mesemi wae nek ngono.
Najan arep mbok apusi, mbok unek-unek'e yo rohsone wong jowo ra bakal luntur. Wis mesti trimah mawi pasrah, sepi pamrih tebih ajrih.
Kabeh iku gur carane sing Gawe Urip nggampangke lelakune menungso ngerteni sopo sejatine awak'e dewe iku.
Wis lah, semono wae. Sepurane yen ono sing kurang jangkep, iki gur carane awakku mbagi opo sing ono ning pikiran iki.
Maturnuwun.
Sugeng enjang ugi rahayu.
Teks asli di publikasikan pada tanggal 14 April 2018.

Gabung dalam percakapan