Sumber

Ayo, Rek. Sing Mesra Kalian Gusti Ugi Kanjeng Nabi



Heuheuheu. Arek-arek iki podo aneh-aneh. Bojone lungo, takone ning nggonku. Pacare digondol boyo, takone yo ning nggonku. Barange ono sing ilang, yo takon aku. Lha mlayune podo ning nggonku po piye, malah kene sing ditakoni, jaluk ngelmu, jaluk amalan, esih uakeh maneh pokoke. Weleh. Pisan, pindo, bener kui mung mergo Gusti Allah mesakne karo aku, Rek. Mergo kerep ditakon-takoni padahal yo ora iso opo-opo. Gusti Allah mesakne yen aku wis kadung ngucap tapi ora bener, tombok aku kewirangan, mung mergo kuwi, ora njur terus aku sekti. Aku iki udu sopo-sopo, Rek. Aku yo mung koncomu. Kok malah takon aku. Ono maneh model takon demit ning omahe. Sing jare anake/adine sok nangis mergo weruh demit. Sing jare tonggone ngingu demit, werno-werno. Padahal aku yen kepetuk demit yo mlayu, isoku yo mung nyampekke karo sing gawe urip, Rek. Ora njur aku duwe cekelan, duwe dekengan gede. Sing takon ongko togel uakeh. Nyenengke pokoke Arek-arek iki. Sing model muni jare iso gawe leren udan, ono. Sing lumayan marai kerih yo di tes karo uwong-uwong sing sok sesrawungan karo bongso demit tenanan, walah. Ning ati mung muni "Gusti Allah, iki pokoke Panjenengan sing tanggung jawab. Yen Panjenengan mboten tanggung jawab terus kulo pripun? Sing ngersakne tiyang niki tanglet kulo nggeh Panjenengan. Pokoke tak pasrahke Panjenengan sedanten." Mung ngono kui, Rek. Asline Gusti Allah mesakne aku, kui tok. Ora arep tak jawab kok ditakoni, arep tak jawab yo ora ngerti. Yo tak jawab sak isoku, terus Gusti Allah sing mesakne karo aku timbang mengko kewirangan dan mbok onek-oneke yen kleru. Aku ora sekti, mbok takono kono karo wong sing bener-bener sekti yen ra percoyo, aku lak ra duwe opo-opo. Tapi yo aku ngono ojo terus mbok anggep aku iki cedak karo Pangeran. Aku biasa, Rek. Podo awakmu, malah luwih becik awakmu. Aku yo mung ngene iki, ora sekti, ora iso opo-opo. Makane profil-profil sosmedku akeh-akehe tak tulisi aku dudu sopo-sopo, mung wong mlaku biasa, ben Arek-arek iki ojo kesasar ning nggonku. Aku crito ngene yo ojo serik yo, Rek. Aku yo ora ngerti Arek-arek iki jare sopo nek aku sekti, wong asline yo ora. Aku esih mangan sego, doyan duit, doyan dolan, dll. Mung pesenku, ayo bareng-bareng sing mesra ae karo sing Gawe Urip, karo Kanjeng Nabi yen muslim. Ora sah isin, ora sah rikuh, urung iso ngibadah, ora popo, pokoke urip landesane mung Katresnan marang sing Gawe Urip dan Kanjeng Nabi. Wis kui, katresnan iku wis ora ono pandang-pandangan maneh, Rek. Ayo lakoni kui wae, mengko Kersane Gusti Allah, kabeh iku koyo banyu mili. Matur nuwun.

Rahayu mulyaning jagat.

Teks asli di publikasikan pada tanggal 10 September 2020.
Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa
Teks berhasil disalin!