Akarana Karenan Mardi Siwi
Ngger, anakku.
Ora usah meri karo kancamu sing podo duwe, amergo sejatining duwe iku namung gelar kang kesasar. Yen arep golek gelar dadio wong kang temen, amergo wong kang temen iku bakal tinemu.
Ngger, anakku.
Ojo kepinginan marang opo sing di duweni kancamu, amergo sejatining pingin iku namung aling-aling lan ojo ndurusi opo sing di pingini, amergo awakmu bakal kesel ngoyak kekarepanmu yen Gusti ora ngijabahi.
Ngger, anakku.
Ora usah mekso yen awakmu ora biso sekolah lan ngaji duwur koyo kancamu. Senajan kerjamu namung tani, sinau lan ngajio marang pacul lan arit. Mergo kuwasa lan ilmune Gusti iku nyangkep sekabehane.
Ngger, anakku.
Ojo ngeroso duwe, ojo ngeroso bener, ojo ngeroso gagah, ojo ngeroso pinter. Sejatining awakmu iku kang paling hino, dadio wong kang migunani bawana.
Mardi.
Gabung dalam percakapan