Dadi Wong Urip
"Yo meskipun ngibadahku esih dang-dong, ning kadang aku yo isin e, Truk!"
"Lha yo emang raimu tok sing isin, kene yo melu isin, Gong! Koe emang ngisin2ni"
"Loh...loh, udu kui maksudku. Kadang aku ngibadah tapi esih sok ra gelem ngalah yen ngepit, nabrak bangjo, knalpot brong, dll. Tak roso2 ngibadahku kok mung blag-blug ae yo, Truk?"
"Heuheuheu. Yo kui jenenge urip, Gong. Angel to dadi wong urip. Ora sah mikir ngibadah sek, tapi mikir dadi uwong sek. Kui ae sak gawean dewe. Ojo lali, Tuhan Maha Guyon."
Gabung dalam percakapan