Ponokawan: Wong-Wong

"Heuheuheu. Lha iyo, Truk. Aku mau bar tuku kuas, yo meng tukune siji tok. Bar arep tak bayar, tak ulungno karo tak serahke kok kasire meneng ae. Ngasi tak baleni maneh 'Niki Pak artone, wolongewu.' Wealah, esih meneng, Truk. Njuk aku kelingan guruku nate ngendiko; yen sing paling di sayang ono sisihe Gusti iku wong2 sing sugih. Waaah, wektu kui kurowo barang melu protes, Truk. Ra ngerti to koe? Wong ra ndue kui nek sambat, jejaluk, wis biasa, wis mbandino. Tapi yen wong sugih kok gelem kekancan karo sing gae urip, iku jenenge ngrumangsani, Truk."

"Heuheuheu. Iyo, Gong! Aku wingi menyang pasar yo ngono. Wong dodol ngibadahe tekun banget, jebul aku mrono malah di onek2ke sak geleme, ngasi sak pasar ngerti kabeh. Aku ning batinan 'Sampeyan niku guyonane enten mawon, siang2 mriki malah di paringi sing kados ngeten. Kok yo enten?.' Yoo urip iki bener jarene Si Mbah, mung sawang sinawang yo, Gong."

"Heuheuheu. Yen di critake yo ono ae yo, Truk. Pirang dino kae aku yo ngono, jemput uwong nang ndeso. Wis tekan kui, Truk. Kari mak tlusur njur tekan nggone. Malah calon Ndorone muni ra sido, di gagalno. Aku meng prengas-prenges tok karo mbatin 'waaah, guyonan tenan nek iki Sampeyan. Sampun dugi mriki malah di obahke ken nggagalno'. Bar aku yo ora pengen njaluk opo2 to, Truk. Wong sugih di jaluki duit 100 yo padane tuku panganan sak legan. Wong yo aku niate nulung kok malah jejaluk, saru. Nek di jaluki dit, sesok ndak tuman nyepeleke uwong maneh. Soale opo2 iso ditutup nganggo duit. Aku ra pengen ngono. Aku milih meneng ae senajan caraku yen meneng iki yo salah nek ngenengke uwong."

"Iyo, Gong. Jane ngono yo kapan2 njuk ben mikir yo, gagap2 urip, eh nemu..."


Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa