Sumber

Ponokawan: Welas & Asih

"Lha yhoo, aku mung duwene Bapak Samir tok, Truk. Ora koyo kanca2ku TeKa tekan aku tuwo ngene iki. Dadi yen pengen kok Bapak ra iso nukoke aku sambate karo Sing Gawe Urip, masio aku yo bajingan, uripku kepontal2. Aku ra popo, aku ra isin, nek aku isin tak walek maneh --Lhoo, Gusti, mosok Sampeyan ra isin yen ora nerimo Bagong? Wong Sampeyan niku Maha Welas ugo Maha Asih'e. Terus kalih sinten malih kulo sambat, kulo nyuwun, masio bajingan ngeten niki nggih makhluk'e Panjenengan.--" 


"Woo, lha dalah. Lha kalimat mburimu sangar men ngono, karo sing gawe urip wani ngincim?! Yen karo aku tak potel gulumu kui." 


"Lhaah tooh! Iki yang membedakan Gusti Allah karo makhluke. Sitik2 potel gulu, sitik2 ngancem, dll, dll. Aku, masio bajingan ngene, upomo ditakoni moloikat sok mben, yo tak critani ngono kui, masio bajingan ngene yo Gusti Allah ora lali karo aku, opo karepku di turuti terus, nganti kadang yen tak renungkan malah aku isin dewe je, Truk." 


"Raimu emang koyo rai sepur, Gong. Wolak-walik ono raine kabeh." 


Teks asli di publikasikan pada tanggal 12 Januari 2021.

Bukan siapa-siapa. Hanya pejalan biasa
Teks berhasil disalin!