Ponokawan: Dalanan
Bagong yang di kenal berani dan "tidak sopan" itu berpesan: bapak, ibu budiman.
Eh, kleru. Bapak, ibu yang budiman. Nah, iki.
Menowo sampeyan kabeh iso nukokno pit listrik kanggo anak-anake, yo minimal anake di kei pasinaon babagan dalanan.
Dalanan nggone wong okeh, ono sing koyo jaran, koyo kebo, koyo macan, koyo lutung, koyo kuro-kuro, koyo celeng karo asu kadang-kadang yo ono. Dalanan wis koyo dene kebon kewan. Mugo kui yen ngekei pasinaon contone ora belok ngiwo nengen tanpo ngematke buri, tak tabrak kowe loro, kuwi salahe sopo. Laah, malah nyanyi.
Mergone tanpo pit listrik wae kadang-kadang wis sruntal-sruntul, opo maneh yen pite listrik tanpo dikei ngelmu urip nang dalan. Kui bahaya tenan. Pisan mbahayake anake, pindo mbahayake wong liyo. Yo bener anggone nukoake kanggo senenge anak, nanging senenge anak kudu di barengi karo senenge wong tuwo, yo iku podo geguyu tanpo ono tangis.

Gabung dalam percakapan